Tuladha aturipun panata cara badhe pambagyaharja Upacara
pangrupti layon (contoh MC sambutan yang berduka)
Acara
saklajengipun inggih punika adicara pambagyaharja. Para pambela sungkawa kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan
nadyan panjenenganipun Bp/Ibu ......................(yang berduka) ing wekdal
punika raosing manah mboten saged ginambaraken ing mriki karana kawontenan ribet
kawaron bebeg, parandene keparengipun sedya badhe matur wonten ngarsa
panjenengan, nuninggih atru pambagya yuwana miwah atur panuwun, karana bebeging
manah mboten kuwawi matur amung kandheg wonten ing madyaning jangga, pramila
ingkang piniji minangka sulih salira tanulyanmboten wonten malih panjeneganipun
Bp ...................(yang mewakili) wekdal kasumanggakaken.
Tuladha aturipun panata cara purnaning pambagyaharja badhe
ngancik adicara panglipur
Para pambela
sungkawa, para tak ziah, tak ziin ingakang kinurmatan, kanthi terwaca cetha
atur pambagyaharja saking Bp................ minangka sulih salira kulawarga
panandhang ingkang saklajengipun ngancik panglipur dening tetuwangga ingkang
sampun pana keblating panembah pana ing pamawas lebda ing pitutur, wondene
ingkang nyarirani nuninggih panjenenganipun ............. wekdal
kasumanggakaken, sumangga nun.
Tuladha aturipun panata cara badhe angkating Layon
Para pambela
sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana, angkating layon badhe
kaleksanakaken dening para kulawarga panandhang, ingkang punika dumateng
panjenenganipun para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun
samekta ing gati.
Perlu kula
aturaken ing mriki para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon
panjenenganipun .................., ....................., ...............
(jika sudah ada yang ditunjuk jika tidak biasanya menunjuk para pemuda/kadang
amuda) wekdal kasumanggakaken.
Tuladha aturipun panata cara ing upacara brobosan
Para pambela
sungkawa kakung putri ingkang bebudi dharma, pethining layon sampun kapanggul
dening para kulawarga wonten sangajenging wisma dhuh kita, kepareng ing sedya
badhe hanetepi tata cara brobosan, dhumateng para putra wayah ingkang badhe
netepi tata cara brobosan mugi samekta ing gati, wondene ingkang mratisaken
panjenenganipun Bp .............. sumangga nun.
Tuladha aturipun pranata cara ngancik donga
Mekaten wau adicara adat brobosan ingkang sampun
dipunlaksanakaken, saklajengipun mugi rohipun suwargi
............................ tansah pinaringan pangapunten saha tansah katampi
aggenipun sowan pangayunaning Gusti ingkan Maha Agung dipun wonteni donga
kunjuk wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang murbeng dumadi, wondene ingkang
piniji nuninggih panjenganipun Bp ................ wekdal kula sumanggakaken,
sumangga nun.
Tuladha aturipun panata cara paripurnaning upacara bidhaling
layon
Para pambela
sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan, mekaten menggah
lampahing upacara bidhaling layon, layon badhe kapetak saha kasarekaken wonten
ing astana laya ...........(tempat makam) sru panyuwuning para panandhang,
hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan, kasuwun mangke
ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya........... wondene wonten
pakaryan ingkang wigati kulawarga panandhang haming saged ngaturaken panuwun
saha ngaturaken sugeng kondur.
Kula pribadhi
minangka panata cara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adi
cara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah kiranging basa tuwin sastra,
karana budi dayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah
kuthaning pasthi, mawantu-wantu nyuwun lubering pangaksama.
Ing wasana
akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah
Wassalamualaikum wr.wb