Sabtu, 24 Mei 2014

--

Tuladha aturipun panata cara badhe pambagyaharja Upacara pangrupti layon (contoh MC sambutan yang berduka)
                Acara saklajengipun inggih punika adicara pambagyaharja. Para pambela sungkawa  kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan nadyan panjenenganipun Bp/Ibu ......................(yang berduka) ing wekdal punika raosing manah mboten saged ginambaraken ing mriki karana kawontenan ribet kawaron bebeg, parandene keparengipun sedya badhe matur wonten ngarsa panjenengan, nuninggih atru pambagya yuwana miwah atur panuwun, karana bebeging manah mboten kuwawi matur amung kandheg wonten ing madyaning jangga, pramila ingkang piniji minangka sulih salira tanulyanmboten wonten malih panjeneganipun Bp ...................(yang mewakili) wekdal kasumanggakaken.
Tuladha aturipun panata cara purnaning pambagyaharja badhe ngancik adicara panglipur
                Para pambela sungkawa, para tak ziah, tak ziin ingakang kinurmatan, kanthi terwaca cetha atur pambagyaharja saking Bp................ minangka sulih salira kulawarga panandhang ingkang saklajengipun ngancik panglipur dening tetuwangga ingkang sampun pana keblating panembah pana ing pamawas lebda ing pitutur, wondene ingkang nyarirani nuninggih panjenenganipun ............. wekdal kasumanggakaken, sumangga nun.

Tuladha aturipun panata cara badhe angkating Layon
                Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes sinudarsana, angkating layon badhe kaleksanakaken dening para kulawarga panandhang, ingkang punika dumateng panjenenganipun para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasuwun samekta ing gati.
                Perlu kula aturaken ing mriki para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon panjenenganipun .................., ....................., ............... (jika sudah ada yang ditunjuk jika tidak biasanya menunjuk para pemuda/kadang amuda) wekdal kasumanggakaken.

Tuladha aturipun panata cara ing upacara brobosan
                Para pambela sungkawa kakung putri ingkang bebudi dharma, pethining layon sampun kapanggul dening para kulawarga wonten sangajenging wisma dhuh kita, kepareng ing sedya badhe hanetepi tata cara brobosan, dhumateng para putra wayah ingkang badhe netepi tata cara brobosan mugi samekta ing gati, wondene ingkang mratisaken panjenenganipun Bp .............. sumangga nun.

Tuladha aturipun pranata cara ngancik donga
Mekaten wau adicara adat brobosan ingkang sampun dipunlaksanakaken, saklajengipun mugi rohipun suwargi ............................ tansah pinaringan pangapunten saha tansah katampi aggenipun sowan pangayunaning Gusti ingkan Maha Agung dipun wonteni donga kunjuk wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang murbeng dumadi, wondene ingkang piniji nuninggih panjenganipun Bp ................ wekdal kula sumanggakaken, sumangga nun.

Tuladha aturipun panata cara paripurnaning upacara bidhaling layon
                Para pambela sungkawa kakung putri ingkang pantes tampi pakurmatan, mekaten menggah lampahing upacara bidhaling layon, layon badhe kapetak saha kasarekaken wonten ing astana laya ...........(tempat makam) sru panyuwuning para panandhang, hambok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya........... wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulawarga panandhang haming saged ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.
                Kula pribadhi minangka panata cara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adi cara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah kiranging basa tuwin sastra, karana budi dayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasthi, mawantu-wantu nyuwun lubering pangaksama.
                Ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah
Wassalamualaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar